Kishore Kumar Hits

Jogja Hip Hop Foundation - Ora Cucul Ora Ngebul lyrics

Artist: Jogja Hip Hop Foundation

album: Semar Mesem Romo Mendem


Pak Dul sirahe gundhul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Petruk bingung ngekep bojone
Pikiran nglamun mikir gendakane
Pancen kadhung rusak negarane
Mula aja gumun nek rakyate kere
Nek wong sugih le gendakan ning hotel sing larang
Bermain cinta lupa daratan ra konangan
Nek wong kere le gendakan ning hotel murahan
Durung nganti anget keno razia kisinan
Nek wong gedhe konangan selingkuh malah kondang
Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang
Opo koyo ngene jeneng negara berjuang
Segala sesuatu ditentukan dengan uang
Podho-podho gendakan hukume dhewe-dhewe
Pancen hukum kui gendakane wong-wong gedhe
Wong cilik kerjo sengsoro ningo tetep kere
Wong gedhe kemaki urip sak karepe dhewe
Lirak-lirik karepe ngejak turu kelonan
Koalisi politike mung perselingkuhan
Beras larang, minyak mundhak ra karu-karuan
Politike nglambrah mung ribut ngurus gendakan
Mulo ojo munafik kaya wong-wong politik
Dadio wong seni, kritis peduli ro wong cilik
Wong politik munafik, ra gelem nompo kritik
Geleme nompo duit cacahe ra sethithik
Pak Dul sirahe gundhul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Pak Dul sirahe gundhul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Ono kancaku pelukis kluyuran bengi-bengi
Pamite lungo jare arep golek inspirasi
Neng ndalan ketemu karo temon bodhine seksi
Kenalan terus gelem digambar ra nganggo klambi
Bar digambar temone seneng ora karuan
Saking senenge nganti gelem dijak kelonan
Cepet-cepet gage dho golek hotel murahan
Lagi krusak-krusek la kok yo ono gropyokan
Sing nggropyok polisi numpak pick-up bakul kursi
Tanpa basa-basi kabeh kamar disatroni
Banjur dilumpukke dho kon antri siji-siji
Kabeh digeledah nek ono sing nyolong wadi
Polisi muni, "Anda telah berbuat royal"
Itu artinya anda sudah melanggar moral
Pelukise takon opo moral iku mural
Nek cen kui aku ngerti, ayo gek ndang budhal
Moral itu adalah tata susila
Siapa yang melanggar akan kena razia
Pelukise takon opo to tata susila
Opo podho karo wanita tuna susila
Polisine muni, "Kepiye nek damai wae?"
Damai kui artine wani piro mbayare
Pelukise nyaut durung perang kok wis damai
Wong durung telanjang lha kok wis digawe rame
Pak Dul sirahe gundhul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Pak Dul sirahe gundhul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Akale wong lanang nek dolan ning Pasar Kembang
Gawe alasan golek aman ben ra konangan
Politik saiki cen seneng maen belakang
Njabane resik njebul jerone selingkuhan
Lumpur Lapindo metune soko Sidoarjo
Bojo loro kabeh kok seneng nggodho
Wis merdeka sih ono kumpeni Londo
Nembaki rakyat, rakyat neng alas Tlogo
Nganggo tengtop mlaku ning Pasar Bantul
Sangu kates, katese mental-mentul
Rakyat ditembak, ditembak betul-betul
Tapi jare kena peluru mantul
Buah Langsep tuku regane larang
Montore nyungsep, nyungsep ning njero kotang
Negoro lemes mergo kakehan utang
Bandhane ludes, le nilep podho ilang
Manuk Podhang mabur mlebu kurungan
Gage dikancing nganggo gembok kuningan
Ra entek-entek lehku seneng gendakan
Nganti modyar, nganti tekan kuburan
Kadhung remen ceweke Cak Paimo
Cekap semanten niki atur kawulo
Ono kupat kecemplung ning njero santen
Menawi lepat kawulo nyuwun ngapunten
Pak Dul sirahe gundhul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Pak Dul sirahe gundhul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Поcмотреть все песни артиста

Other albums by the artist

Similar artists