Kishore Kumar Hits

Jogja Hip Hop Foundation - Suwukan Jaran Kepang lyrics

Artist: Jogja Hip Hop Foundation

album: Semar Mesem Romo Mendem


Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang

Eee, jaran putih ngalor mlayune
Jaran abang ngidul mlayune
Kaeee, jaran kuning ngetan mlayune
Jaran ireng ngulon mlayune
Sliramu sing nyekel pecute
Jo malah kegeret playune jaran
Aja padha keseret ngalor lan aja padha keseret ngidul
Aja padha keseret ngetan lan aja padha keseret ngulon
Sing mencit methithit
Ngener marang langit
Manunggal marang Pangeranmu
Muliha menyang kandhangmu
Yaiku keblat papat lima pancermu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
Remmmm
Jaranmu tansah merem
Mung sliramu sing weruh ana ing tujuwe
Jaranmu tansah luwe
Mung sliramu sing weruh ana ing watessu
Jaranmu tansah nepsu
Mung sliramu sing weruh ana ing prelu
Yen siro gelem diseret-eret jaranmu
Ngkuwihi tujumu watesmu lan prelumu
Sira bakal ora weruh ing tuju
Ora weruh ing wates
Ora weruh ing prelu
Tujumu, watesmu, prelumu
Yaiku tetelu, keblat bejane uripmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
Amek banyu apepikulan warih
Jaranmu iku jaran banyu
Aja numpak yen sliramu
Durung weruh segering banyu
Amek geni adedamaran
Jaranmu iku jaran geni
Aja numpak yen sliranmu
Durung weruh padhanging geni
Apa kang ginayuh ing wektu
Bakal kasembadan yen sliramu
Apepikulan segering ati
Lan dedamaran padhanging budimu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
Sang lindung leyang arane kepang
Sang lindung kidang arane jaran
Ajuju si wringin sungsang
Kinubeng ing kumbala geni
Pyur ilang dadi banyu puyih
Wujurmd tunggal waluya jati
Sira muliha nang negaramu
Ing watu koyo iku
Mutmainah jaran putihmu
Lumepasna kekarepanmu
Amarah jaran abangmu
Singkirna angkara murkamu
Supiyah jaran kuningmu
Tebihna alane gegayuhanmu
Aluamah jaran irengmu
Luwarna srakahe wetengmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
Eeeee

Поcмотреть все песни артиста

Other albums by the artist

Similar artists