Kishore Kumar Hits

Sujiwo Tejo - Dying Footsteps lyrics

Artist: Sujiwo Tejo

album: Mirah Ingsun


Wong mung sadêrmo nglakoni
Wo, wêwangsone pitutur amiluhur
Wong mung sadêrmo ngrêrantu
Kang podho kêplok kawruh sunyatane
Mung, amung, ojo ngunggar kêmrungsung
Sing sarèh

Pundi udan, pundi tangis
Pundi kang kaèsthi
Ciblon jroning nolo
Rikalaning panglong
Ndungkap wancine papan
Andungkap kêtigo
Tangise manungso, tangise wong ijèn

Wong mayit wae ndadak didusi
Siniram wêwanginganing tirto
Sik, sik, ojo ngunggar kêsusu
Angungak kori kang nêmbe mêngo
Wong manggon nangndi ning sêgêr tirto
Wancinyo
Ngalor, ngidul, ngetan, ngulon
Lir bocah kuwalon
Kangên ibu, kangên bumi
Bopo angkoso
Nduwur, ngisor, ngiwo, nêngên
Lir pangangên-angên
Kangên ibu, kangên bumi
Bopo angkoso
Mung, nggwing, êmbun-êmbun kawruhmu
Mbun-mbunan pajare dumadi
Du, dudu, ngelmu aneng ndêdalan
Ujare, ujar jarwi sambeworo
Gèk, gèk, kae mung samudono
Sinadon lamise
Ojo ngguyu turu kaki
Dewone kang nglanglang
Nyangking bokor kêncanane
Ojo diiwi-iwi
Ewodene podho tamat
Yen siro gêlêmo
Ojo dupi wayah angon
Dipangangên-angên

Поcмотреть все песни артиста

Other albums by the artist

Similar artists