Kishore Kumar Hits

Sujiwo Tejo - Syair Dunia Maya lyrics

Artist: Sujiwo Tejo

album: Syair Dunia Maya


Nurut neting dolan
Dalan sapikoleh
Tumoleh myang wuri
Kawuran wus adoh
Adoh saking sangkan
Kanthi kontrang kantring
Kekitrang yen jaran
Paran tan cat katon
Tan katon-katon paran dumadi
Tan angon-angon paraning urip
Urip kleyang kabur nir sangkan
Ning ngancik mung awang
Nganti wanci pundat
Nurut neting dolan
Dalan sapikoleh
Tumoleh myang wuri
Kawuran wus adoh
Adoh saking sangkan
Kanthi kontrang kantring
Kekitrang yen jaran
Paran tan cat katon
Tan katon-katon paran dumadi
Tan angon-angon paraning urip
Urip kleyang kabur nir sangkan
Ning ngancik mung awang
Nganti wanci pundat
Gumantung ing awang
Kontal-kantil gumantung, tan cemantol
Semende-mende tan sinenden sendenan lan lendeyan
Semeleh mangkono
Monggo tanpo papan kang mongko wus
Tirang trawoco
Dawuh guru, dawuh rommo, dawuh ibu
Nggih, nggih, nggih
Ning ngancik mung ngawang
Nganti wanci pundat, dat, dat, dat, dat

Nurut neting dolan
Tumoleh myang wuri
Adoh saking sangkan
Kekitrang yen jaran
Tan katon paraning dumadi
Tan angon paraning urip
Uripe njur kleyang nir sangkan
Ngancik mung ing awang
Gumantung ing awang
Kontal-kantil gumantung, tan cemantol
Semende-mende tan sinenden sendenan lan lendeyan
Semeleh mangkono
Monggo tanpo papan kang mongko wus
Tirang trawoco
Dawuh guru, dawuh romo, dawuh ibu
Ning ngancik mung awang
Nganti wanci pundat

Поcмотреть все песни артиста

Other albums by the artist

Similar artists