Kishore Kumar Hits

Waldjinah - Kangen lyrics

Artist: Waldjinah

album: Koleksi Emas Ratu Langgam Jawa


Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati
Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tresnaku terusing ati
Kangen
Wong kangen ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu
Kangen
Wong kangen opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu
Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi
(Sya, la, la, la, la)
Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tresnaku terusing ati
Kangen
Wong kangen ngene rasane (rindu ni ye)
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu
Kangen
Wong kangen opo tambane (telpon-telpon)
Rindu-rindu tambane kudu ketemu, (sya, la, la, la, la)
Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi

Поcмотреть все песни артиста

Other albums by the artist

Similar artists