Kishore Kumar Hits

Waldjinah - Rujak Uleg lyrics

Artist: Waldjinah

album: Album Emas Pop Jawa WALDJINAH Vol. 1


Rujak uleg krasa sepet, kakehan cengkir
Atine judheg, dadane sesek kakehan pikir
Ngalam ndonya warno-warno kahanane, jarene
Mbiyen kondo nalikane perang gede
Bondo nyowo dilabuhke negarane, jarene
Mugo-mugo gek enggalo bubar wae
Rujak timun, delek-delek terus ngalamun
Jarene gumun, belanjane cupet nggo tuku sabun
Ngalam ndonya warno-warno kahanane, jarene
Mbiyen opo, saikine katon piye
Ati murko, nggolek kono, ngebut kene,jarene
Tiwas diongso, jebul ra ono mareme

Kopi susu, ilang kopine, kari gelase
Awake kuru, pacare mlayu, entek duite
Ngalam ndonya warno-warno kahanane, jarene
Ra digagas, papan omah kari pagere
Bondo bablas, anak bojo ra dipikir butuhe
Yen ra mawas, malah bubrah rumah tanggane
Yen ra mawas, malah bubrah rumah tanggane

Поcмотреть все песни артиста

Other albums by the artist

Similar artists